Laman

Rabu, 15 Maret 2023

Lirik Lagu Cici Shahita - Tresno Sejati

 Tumetese waspoku

Tumetes ing pangkuanku

Wektu pungkasan aku 

Nemu sliramu ing wayah sore


Iseh kareping ati

Mring sliramu wektu kuwi

Minongko bukti tondo 

Katresnaku suci


Kito bisa ketemu

Ning pungkasaning pepisahan

Aku yo ngrumangsani 

Ora bakal nduweni


Sliramu ugo sliraku

Kepalang pagar pemisah

Kang ora bakal biso 

Dilewati nganti tekan pati


Atise wengi iki 

Aku lelungguh ngijeni

Kerungu lamat-lamat 

Sworo tembang kang nyenengke ati


Aku tansah kelingan 

Prastowo kang nyenengake

Lan ora bakal lali 

Nadyan nganti mati


Yen ngerti koyo ngene

Tresnaku mung cukup semene

Kang gawe uripku 

Mung jero ilusi


Kareping kabeh mamaku 

Nadyan ora nyenengake

Sing mestine mung siji

Tresnaku bakal terus lestari.